Siraman ( teks eksposisi ) > bahasa Jawa ya!
SIRAMAN
Siraman yaiku salah sijine upacara kang dumadi ing prosesi pernikahan adat Jawa. Siraman dumadi saka tembung siram sing artine guyur utawa mandi (adus). Upacara iki ditujukake supaya calon pengantin dadi resik saka spiritual lan nduweni ati kang suci, sakdurunge berumah tangga. Upacara iki dianakake sedurunge ijab Kabul ing omahe calon manten. Biasane utawa lumrahe wong tuwa sing nyirami sepisanan banjur diterusake karo sedulur liyane lan uga pemaes nganti gunggung pitu.
Uba rampe sing kudu disiyagakake antarane yaiku : wadah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu; banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari) sing kejipuk saka 7 sumber; kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang kantil, kembang cempaka utawa kembang gadhing), lan kembang kenanga; wedhak teles limang warna kanggo sabunan; sampho tradhisional saka awu merang; duduh klapa; banyu peresan jeruk; klapa loro sing dibungkus karo klasa amoh; kain putih; godhong dlingo-bengle; kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala; kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu; kain batik motif grompol lan nagasari; andhuk; kendhi; gayung(siwur). Banjur nganakake rantaman ing upacara siraman, yaiku:
Masang blaketepe lan tuwuhan, kanggo nyeyupi papan kanggo mantu,
Ngirim toya perwitasari menyang calon penganten pria, yaiku sawise banyu 7 sumber dicampur karo kembang setaman, dijipuk sethithik banjur digawa menyang omahe calon penganten pria,
Sungkeman, sadurunge siraman, calon penganten sungkem marang wong tuwane,
Dedonga,
Siraman, sing nyiram sepisan yaiku bapak banjur ibu penganten lan diterusake para penisepuh uga kalebu juru paes,
Pagas rikma, sawise siraman banjur diterusake upacara pagas rikma utawa potong rambut. Potongan rambut kui mau didadekke siji banjur ditanem ing upacara tanem rikma,
Dodol dhawet, iki duwe pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupe penganten swasanane bisa rengeng,
Potong tumpeng kamulyan, bapak saka penganten putri motong tumpeng kamulyan banjur diwenehake ibu banjur didulangake penganten putri,
Dulangan, penganten putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang,
Kembul Bujana Andrawina, para tamu mangan bareng – bareng.
Sesaji sajroning upacara siraman wujud tumpeng, pangan – panganan adhem, gedhang lan who – wohan liyane, endhog pitik, klapa sing wis dibukak kulite, gula klapa, lentera, kembang telon kenanga, mlathi lan kantil, pitung warna bubur, kue – kue legi, panganan saka beras ketan, lan ingkung.
Saderet prosesi sing akeh kui mau, nduweni makna sing jero banget kanggo akuripan wong kang manten. Upacara iki dadi simbol kanggo ngluruhake kabeh hal sing negatif saka awak calon penganten supaya bisa masuk ing gerbang pernikahan kanthi jiwa kang resik/suci.
Terimakasih ya, sudah mampir yang ngerjain tugas semangat!!! Ok.
Komentar
Posting Komentar