Teks eksposisi seserahan

                     Srah - Srahan

       Srah-srahan utawa diarani "asok tukon" yaiku calon pengantin putra nyerahake ubarampe lan ragad kanggo nglaksanakake pahargyan penganten. Srah-srahan yaiku salah siji saka tata cara adat mantu kang dilaksanakke sakwise lamaran. Srah-srahan uga bisa dilaksanakake kanggo masrahake barang-barang saking calon temanten putra kanggo kaluwarga calon pengantin putri. Lan uga bisa dilaksanakake kaya maringi arta marang kaluwarga calon pengantin putri. Ancasipun srah-srahan yaiku kanggo ngenthengake sangga kaluwarga manten putri supaya ora kabotan anggone mantu. Mula saka iku uga ana sing ngarani yen srah-srahan iku diarani sanggan kang asale saka tembung sangga, kang duweni teges nyangga anggone mantu. 

        Miturut adat Jawa srah-srahan kang diparingake dening calon pengantin putri, ora mung barang saksake, nanging gunakake barang kang nduweni teges supaya tata cara mantu menika dadi sakral. Miturut adat Jawa lan Ngayogyakarta ana ubarampe kanggo srah-srahan yaiku:

1. Dhuwit yaiku biaya kang dinggo ngewangi piahk pengantin putri kanggo ngadakaken pahargyan mantu kng jumlahipun pas kalihan kemampuan, adat, lan kesepakatan.

2. Gerbang ayu setangkup (Gedhang raja)

3. Suruh ayu (diwadhawi bokor, banjur dilurubi sindur). Suruh ayu nduweni makna ndongaake keslametan lan bahagiya kanggo uripe pengantin.

4. Beras sakadare

5. Klapa sejodho

6. Gula Jawa setangkup, bumbon, lsp.

        Ubarampe iku diwadhahi jodhang lan dipikul wong loro. Menawi panganan kang wis Mateng digendhong salah sijine pengombyong. Barang barang iku kaya kebo, pitik, banyak, alat-alat masak, alat-alat kanggo omah, lsp.

      Nanging ana ubarampe kang nduweni teges lan makna khusus yaiku:

1. Pisang ayu (gedhang raja) lan suruh ayu (godhong sirih) minangka lambang pangarep-ngarep sedya rahayu.

2. Jeruk gulung lambang kekarepan kang temen.

3. Cengkir gading, cengkir tegese kencenging pikir, gading/ kuning tegese kalbu kang wening. 

4. Tebu wulung, tebu tegese anteb ing kalbu, wulung tegese ulung, sejati lan murni. 

5. Pari saiket kang nglambangake pangan.

6. Setagen kang gambarake sandang lan kain bathik kang gambarake gegayuhan kang luhur.

     Ubarampe iku dadi lambang lan pandonga kanggo pengantin supaya diijabah dening Gusti Kang Maha Kuawaos. 

     Susunan acara srah-srahan yaiku diwiwiti saka wong tua calon pengantin putra ngurus rombongan menyang besan e sakwise rawuh, uga diwiwiti pranata cara:

1. Pambuka

2. Atur pasrah saking pengantin putra.

3. Atur panampi saking wakil pengantin putri.

4. Pasogatan

5. Pamitan 

6. Penutup.

       Srah-srahan inggin menika tata cara kang sakral kang nduweni makna kan teges khusus kanggo urip e pengantin. Srah-srahan uga nggambaraken calon pengantin putra saged nyukupi kebutuhanipun kaluwarga. Urutan tata cara mau lan ubarampe kang dinggo srah-srahan kudu dilaksanake miturut adat Jawa amargi nduweni teges lan harapan kangge urip kang dilakoni Pengantin.

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Siraman ( teks eksposisi ) > bahasa Jawa ya!

Toleransi Beragama