Postingan

Menampilkan postingan dari November, 2020

Siraman ( teks eksposisi ) > bahasa Jawa ya!

 SIRAMAN Siraman yaiku salah sijine upacara kang dumadi ing prosesi pernikahan adat Jawa. Siraman dumadi saka tembung siram sing artine guyur utawa mandi (adus). Upacara iki ditujukake supaya calon pengantin dadi resik saka spiritual lan nduweni ati kang suci, sakdurunge berumah tangga. Upacara iki dianakake sedurunge ijab Kabul ing omahe calon manten. Biasane utawa lumrahe wong tuwa sing nyirami sepisanan banjur diterusake karo sedulur liyane lan uga pemaes nganti gunggung pitu. Uba rampe sing kudu disiyagakake antarane yaiku : wadah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu; banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari) sing kejipuk saka 7 sumber; kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang kantil, kembang cempaka utawa kembang gadhing), lan kembang kenanga; wedhak teles limang warna kanggo sabunan; sampho tradhisional saka awu merang; duduh klapa; banyu peresan jeruk; klapa loro sing dibungkus karo klasa amoh; kain putih; godhong dlingo-bengle...